Sabtu, 04 Juni 2011

Cerkak Basa Jawa : Dokter Kalawan Pemain Musik

Sakwijining dino, ono keluargo musisi. Omah e pendak ndinone dienggo latihan nyanyi lan keroncongan. Pancen keluargo kui lan grup kroncongane terkenal biasa ngisi keroncongan ning kawinane uwong. Dadine omah e dienggo studio latihan keroncongan rutin. Pokoke kui keluarga maniak music kroncong. Bapak e jenenge pak Mamet (M), asline kerjo ning pabrik, senenge maen biola, gandeng ibuke, bu Sinok (S), ibu rumah tangga nyekel orjen. Nek konco2 liyane ono penyanyi, gitar, bas terus ono sing gowo kencrung barang.
            Keluargo kui ndue anak telu lanang kabeh, sing digadang-gadang dadi musisi, penerus Keroncongan Sekar Madu. Anak ke loro luwih seneng main gitar, biasa ngebend karo konco2 SMP ne. Anak ke telu milih nekuni orjen koyo ibune. Loro-lorone biasa dijak latihan bareng grup keroncongan SM. Lha anak sing pertama, Eko, malah
mbbanggel, ora tau gelem sinau alat musik opo meneh nyanyi. Pak M pengen Eko iso maen biola, neruske bakat e deknen.
 “Koe ki anake sopo to le kok ra gelem musikan?” pak M tekok Eko.
            “Hla mboten mangertos! Bapak kesupen le ndamel nopo pripun? Hahaha…”
            “Cangkemmuiii! Aku ki gumun iso2ne koe ora seneng musik ilo! Gek2 mbiyen pas koe lair kijolan mbek anake wong liyo ning dukun bayi yow?!”
            “Enggih ya’e pak! Mene ku itreng!” Eko njawab omongane bapake sak penake dewe.
            “Kae lo delok’en adi2mu, do gelem musrikan, eh musikan pendak sore. Koe oq malah sinau buku terus. Meh dadi opo koe suk?!” pak M mulai muntab.
            Pancen ket mbiyen ki Eko ra gelem dolanan music. Asline pak M ora mekso kudu ning aliran keroncong karo iso miol (maen biola), aliran opo wae, alat music opo wae ki rapopo, sing penting Eko kudu iso maen salah siji alat musik. Tapi pancen wiji ki ora mesti tibo ning cedak wit e, kadang2 wiji sing tibo kui digowo manuk, ditibokke neng enggon liyo. Kadang kolo wiji yo iso di gowo angin dimaburke tekan awang2 lan tibo neng nagoro liyo. Mungkin Eko kui yo ngono, ora nuruni bakat sing dindueni wong tuane. Bu S sih ora masalah anake pgn dadi opo wae, tapi koyone pak M tep mekso Eko dadi musikus.
            Eko wadul karo konco layangane pas ngulukke layangan ning lapangan mburi omah.
            “Koe ki yo aneh oq Ko, luwih milih dadi dokter daripada musisi. Padal kan penak dadi musisi, pisan maen entok duwit. Sinaune yo ra angel2 banget. Garek icik2 pendak dino yo dadi! Rak ono resiko mal praktek!”
            “Tapi ndasku ki mumet yen moco partitur, oponeh nek ndemek biola ki aku miris karo suarane. Senare mung papat tapi mbingungke! Ah pokoke aku trauma mbek barang2 koyo ngono,” wes tau sinau biola tapi Eko wegah meneh soale angel.
            “Tapi pakmu luwih aneh oq nda, gek pisan iki ono wong tuo sing ra ngentokke anakke dadi dokter. Biasane kan anakke sing pengen dadi musisi tapi pakne sing ora ngentokke…”
            “Hla emange sinetron! Dasar lanangan tontonane sinetron hahaha… Iki cerpen le, dudu sinetron…”
            “Oiyoyo deng nek critane diwalik, koe sing pengen dadi musisi, pakmu ra ngentokke engko ra seru yo ndes! Ora biasa, koyo acara tivi opo reality show kae hahaha…”
            “Ncen ndonyo iki wes koyo tempe goreng og.”
            “Hla kok iso ju?”
            “Yo iyo to, tempe goreng kae kan nek digoreng diwolak walik, gen ra gosong, yo koyo uripku iki, kuwalikwalik!”
            “Ora sam, nek koe no koyo tempe goreng sing ora diwolakwalik, telat le ngentas, mulakno gosong ko ngono hag hag hag…”
            “Omongoweee ndesss!” Eko moles ndase koncone.
            Mbengine keluargo pak M nganakke rapat keluarga mbahas masalah Eko sing ra gelem dadi musisi. Padal sedelok engkas ujian nasional, lek lulus SMA, dadi kudu nyiapke universitas ngendi sing meh dienggo kuliah Eko. Pak M ngongkon kuliah ning ISI Jogja, jurusan musik, koyo biasane. Gandeng Eko dewe geleme kuliah ning UGM Kedokteran. Bu S ngantek bingung dewe ngrasake anak lan bojone padu ra bar-bar.
            “Sekolah dokter ki sue, angel, ngentek2ke duwit wae!”
            “Halah bapak kan gadah arto katah, pendak minggu manggung, ngomongo ra ndue duwit!”
            “Pancen aku ndue duwit akeh, gampang nek mung nyekolahke koe tekan cino. Asal koe njikuk jurusan musik!”
            Bu S nambahi, “Dene koe ngerti le nek pakmu ndue duwit akeh seko manggung, mulakno pakmu ki pengen koe sukses lan ora kekurangan koyo ngene.”
            “Buk, dados dokter nggih gampil angsal duwit e, tinggal mrikso2 weteng opo ndemek-ndemek bokonge tiyang langsung entok duwit minimal kalih doso ewu!” Eko, raine nggaple’ki, jek tetep mbantah.
            “Buajingan #@#$%^* kurang ajarrr!!! Ra tau manut wongtua yo we, wangkal kandanane! Dadi mbarep ki mbok ya o iso nge’i conto sing apik nggo adiadine! Ora sa’karepe dewe!” pak M nesu, mlebu kamar karo mbanting lawang sing seko kayu jati ‘jederrr’ suarane, wes males nerusake rapat keluargo mbengi kui.
            Dino kui uis dino minggu, telung dino sak uise pak M lan Eko padu. Pak M lan Eko jek mutung, meneng2an, dadine pas pak M resik2 kebon ngarep omah mergo ra ono kondangan lan ora manggung, Eko ora ngewangi bapak e babar blas. Padal biasane Eko sing paling rajin ngewangi ngetok’i wit dadah lan njabuti suket teki. Eko malah ndekem wae neng kamar nggarap soal2 matematika nggo try out sesok senen. Gek asik2 e ngeping poro lan suda ongko2 sing marai poleng, Eko dikagetke karo suara banter banget sing de’ene apal banget… “Afu, ngopo menehhhh jane!”
“Aduh biyungg lorone ra patut, ahh mati ki awakkuuu…” Jebule kui suarana pak M. Sikile pak M, bagian nduwur polok dipatok ulo, ulo kobra mbuh seko endi.
Ono bekas cokotan ulo rong titik, meh metu geteh e. Bu S sing lagek masak sego goreng kaget, metu seko dapur karo jek nggowo sotel. Anak ke loro lan ke telu ne pak M sing lagek dolanan benthik mbek konco2ne ning samping omah, melu2 bingung lan marani bapakke. Wong2 kampung do metu grudugan, kaget le krungu pak M mbengok2.
“Ono opo iki ono opo?” bu S gumun weruh bojone tibo krengkangan ning suket.
“Sikilku bune, dicokot ulo. Iso mati iki akuu,” raine pak M mulai pucet.
“Masyaawoh…”
Wong2 sing teko mulai panic lan ribut. Masalahe iki yen kesuwen ora digowo ning rumah sakit, racune iso nyebar neng sak awak, iso marakke pak M modar. Eko krungu pakne mbengok yo langsung metu seko kamar. Weruh kaanane pak M, Eko malah mlebu ngomah. Gandeng tonggo teparo gagegage nggotong pak M ning angkot sing gek ntes dicegatke salah siji tonggone, meh digowo ning rumah sakit sing adohe kiro2 15 menit, soale puskesmas sing cedak kono tutup angger dino minggu. Ujug2 mak bedunduk Eko melu mlebu ning angkot gowo peso dapur sing landepe kinyis-kinyis.
“Meh mbok apakke bapakmu le?” tonggone lan bu S kaget weruh Eko ujug2 mlebu angkot karo nggowo peso.
“Wes rasah do cangkeman, ayo pir ndang mangkat, ngebut!” Eko deg2an weruh pakne sing nglarani, diturokke neng kloso, ning angkot.
Cak cek Eko ndang nyowek kaose sing dienggo, dibagi dadi rong ler. Terus ditaleke ning sikile pakne kenceng banget, sing siji ditalekke ning nduwur bekas patokkan ulo, sijine ditalekke ning bagian ngisor patokan ulo. Kui kabeh maksute kanggo nyandet racun ulo mau nyebar ning aliran getih, sing iso marakke pak M modar. Bar kui Eko kerjo mbek pesone. Eko nggaret2 daging sing cedak bekas cokotan ulo, bentuk garetane koyo nek nggaret tempe sing gek meh digoreng, miring2 kiwo tengen. Ndang nganu, bekas garetanne mau sing metu getih e sitik2, dipejet ngantek metu getih e neh rodo’ akeh. Kui gen racun sing wis nyampur karo getih, iso metu ora mlebu sak awak. Bu S lan tonggo2ne gumun mbek kelakuan Eko. Pak M mbrebes mili, mringis2 kelaran, lemes lan pasrah.
Akhire tekan IGD, pak Eko entuk penanganan seko dokter. Pancen sing dilakoke Eko mau mung nggo pertolongan pertama, paling ora iso njogo supoyo racun ulo cepet banget nyebar ning awak. Jebule Eko iso ngono mergo entuk pelajaran ning ekstrakulikuler PMR (Palang Merah Remaja) seko sekolahane.
Pak M ora sido sedo goro2 ulo. Terus dipindahke ning ruang perawatan, sikile diperban, tangane diinfus, tapi wes entuk ditilekki. Tonggo2 do ngarohke ramerame. Bar rodo mbengi, sepi, garek bu S karo Eko sing nunggu pak M, pak M ngundang Eko sing jek keturon ning kursi tunggu.
“Ko, reneo. Ternuwun yo le. Jare pak dokter racune durung nyebar akeh ning awak, goro2 wes mbo garet2 mau. Dadi iki ora patek parah.”
“Nggih pak…”
“Mungkin pancen iki dalane Gusti awoh nggo mbukak mataku.”
“Maksute pripun pak.”
“Koe pancen ndue bakat dadi dokter le, koe iso nulungi bapakmu dewe. Yen ora ono koe mau, mungkin aku yo jek sekarat sa’iki.”
“Bapak ki ngendiko opo, nglantur wae. Wes ndang sare kono,” bu S nyelo omongan.
“Kulo mboten gadah bakat nopo2 pak, kulo mung nglakoke nopo sing mesti dilakoke anak marang bapakke,” Eko ra ngrasa de’e ndue bakat dadi dokter. Eko mung rajin nekuni opo2 sing de’e seneng.
“Sa’iki sa’karepmu le koe meh dadi opo wae kesenengan atimu. Aku ra meh mekso2 koe neh dadi musisi,” pak M akhire luluh mergo wes ditulung Eko.
“Sa’estu pak?” Eko ra pathek percoyo karo opo sing gek ntes dirungokke.
“Iyo, aku ngrestoni koe le cah bagus. Koe engko ora entok dadi dokter asal2an, kudu pinter lan migunani kanggo wong liyo,” pak M ngek’i wejangan nggo Eko.
“Tersuwun nggih pak,” Eko bungah karo nyalami tangane bapakke.
Bu S lego. Sak’iki wes ora bingung milih universitas nggo anak mbarepe, Eko.
***the end***
Dedicated to Bp. Soemarno
Ur words are my inspiration

sumber : http://www.facebook.com/notes/suka-biola-saprolala/sakarepmu/217637861588809

Tidak ada komentar:

Posting Komentar