Senin, 31 Januari 2011

cerkak basa jawa : bapakku sayang bapakku malang

wengi iki sepi nyeyet lan peteng ndedhet. Wengi iki nggambarake kaanan atine Mira, perawan pitulas taun sing nembe nangis. Mira iku bocah wadhon sing kuat, lan ora gampang nyerah. Ananging ora ngerti kena apa saiki deweke ora kaya biasane.
Gang Mawar yaiku gang sing ning kana ana omahe Mira. Omahe Mira ana ing sandinge omah- omah kang gedhe lan elit. Beda karo omah- omah elit, gang mawar iku salah sawijining gang cilik lan sempit, ananging nduweni masyarakat kang tentrem adem ayem.
Mira, murid kelas telu SMA iki ketok lagi susah. Sawise bapake sedo, deweke kaya ora nduweni semangat kanggo nerusake urip. Atine durung iso nampa menawa bapake wis sedo.
Patang dino kapungkur, Mira dikancani bapake, ibune lan kanca- kancane, nganakake ekspedisi nyusuri gua ing kutha liya. Ekspedisi mau diwiwiti kira- kira tabuh 10.12 esuk. Gua mau peteng banget lan ana kali ing ngisore. Ekspedisi iki lancar- lancar wae lan nyenengake. Pak Bagas, bapake Mira mlaku ana ngarep dewe, terus ning mburine ana Mira lan ibune serta kanco- koncone mira.
Teko- teko ana salah siji ana sing mbengok. Jebule kancone mira sing ana ing pojok mburi. Pak Bagas, bapake mira kaget. Pak Bagas langsung marani suara mau. Jebule Karyo sing tibo kepleset. Pak bagas ingkang mimpin ekspedisi iki kudu tanggung jawab karo kadadean iki. Akhire Karyo iso selamet. Banjur rombongan mau nerusake ekspedisi nyusuri gua. Saiki pak bagas sing ana pojok mburi kanggo njagani menawa ana apa- apa maneh.
Saiki rombongane pak bagas tekan salah sijine panggonan kang butuh ketermpilan lan tenaga kang akeh supaya bisa nglewati dalan iki. Dalane lunyu lan curam. siji- siji iso nglewati dalan iku. Sing pungkasan yaiku pak Bagas. Pak bagas kui pancen lincah lan gesit, nanging tenagane wis entek kanggo nulungi Karyo. Pak bagas njaluk leren. Kondisine pak bagas wis ora iso dijagake maneh. Pak bagas ketok lemes. Sawise leren, pak bagas nyoba nglewati dalan mau maneh, nanging isih wae gagal. Pak bagas ngrasa menawa saiki wis sore, deweke meksa awake dewe supaya iso nglewati dalan mau.
Kaya apa to dalane ki? Mesti penasaran to. Dalan mau ki nanjak, lunyu, ora rata lan ono kali sing jero banget ning pinggir- pinggire. Uga bisa diumpamakake kaya grojogan banyu kang duwure patang meter. Mula kuwi angel dilewati.
“pak bagas?, panjenengan tasih kiat mboten?” Radit nyoba nakoni pak Bagas supaya pak bagas semangat maneh.
“iyo Le, bapak isih kuat. Ora usah ana sing rene. Bapak iso nglewati iki dewe Le.”
Mira lan ibune wis was- was.
“bapak, panjenengan mboten napa- napa to pak?, Mira mriku nggih pak?” Mira ngomong karo nangis ora kuat namatke kondisi bapake wis kaya ngono. Pak bagas mulai ora stabil.
Gedabrukkkkk…
Pak bagas tibo. Rombongane langsung njerit. Saiki hardi, bocah kang nduweni pawakan gedhe duwur lansung mlayu mudun marani pak bagas. Hardi ora peduli karo kali sing jero lan dalan kang lunyu, ning pikirane sing penting deweke iso nylametake pak bagas.
“pak, panjenengan tasih saget miring suara kula?” hardi nakoni pak bagas. Hardi nyekeli awake pak bagas. Karepe deweke arep ngangkat pak bagsa munggah, ananging deweke ora kuat.
Pak bagas naming disingkirake ana ing pinggir.
“pak..pak,.”
“iiii…yyyaaaaa…le” jawabe pak bagas setengah sadar. Kayane pak bagas wis ora iso ngadheg maneh. Awake tibo ning watu sing lancip lan metu getihe akeh banget. Sikile ora iso diobahke. Ambegane wis angel.
“pak..” hadi nyoba nakoni pak bagas.
“iyo le.. salah siji kancomu kon metu seko gua iki. Kon ngomong karo tim SAR sing ning njobo menawa ning njero ana sing kecelakaan”
“inggeh pak.”
Hardi terus ngmong karo kancone, banjur ana cah loro sing metu nggoleki tim SAR.
Mira lan ibune ora iso nahan rasa sedihe. Banjur wong loro mau malku mudhun alon- alaon marani pak bagas, tekan ngarepe pak bagas Mira lan ibune langsung nangis mbeker- mbeker.
“pak, Mira mboten purun ditilar bapak riyen. Mira tasih kepengen muncak kaleh bapak, kepengen rafting, caving maleh pak.. kuat nggeh pak” Mira nangis.
“nduk cah ayu, menawa ndalane bapak mung tekan kene, ikhlase bapak yo ndug, yo bu. Bu, bapak njaluk ngapura salahe bapak akeh marang ibu.” Pak bagas ngendika karo nahan lorone.
Mira nyikep pak bagas. Nangis. Ibune ngelus- ngelus mira lan nyekeli tangane garwane.
Spontan kaanan ning kunu dadi sedih. Rombongan mau pada prihatin karo nasibe pak bagas.
Ora let suwe bocah loro kang nggoleki tim SAR teko karo bapak- bapak nganggo pakean ireng, kathok lapangan lan ngganggo topi, ora kesupen ngowo alat- alat P3K kanggo nylametake pak bagas.
Pak bagas iso digowo munggah. Nangiing kondisine ora beda adoh karo mau, malah saiki tambah parah. Saiki rombongane pak bagas karo tim SAR berusaha mlaku cepet supaya pak bagas iso slamet.
Sawise tekan njobo, pak bagas diperiksa karo tim medis. Tim medis ngendika menawa pak bagas mpun mboten wonten utawa sampun tilar donya. Sikile pak bagas tugel, mustakane ngetokake getih kang akeh lan ora mandhek- mandhek.
Saka mau ning njero gua tekan saiki Mira lan ibune ora mandhek nangis. Mira lan ibune ora tau ngiro menawa ekspedisi iki bakal gawe deweke kelangan bapake.
Saka kedadian kuwi mau Mira ora tau ketok seneng. Deweke isih wae sedih mbokko wis diguyoni karo kanco- koncone.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar